Jumat, 13 Januari 2012

Sinopsis - Petugas SPBU sing Eseme Pait Madu

Nama   : Ilham Dwi Hatmawan
Kelas   : 8D
Absen  : 26

Petugas SPBU sing Eseme Pait Madu

            Ana pemuda sing raine kuwe wis ora patut angger urung duwe anak bojo. Ana ing sawijining dina, bubar dheweke njemput ponakane, pemuda iki mampir marang SPBU kanggo ngadem lan ngisi bensin. Ing SPBU kono ana petugas kang ayu raine. Jenenge yaiku Eni Nuraeni, petugas SPBU sing olih predikat Best Operator. Sebab dheweke kabukti rajin lan disiplin. Pertama ketemu karo Eni, pemuda iki ora ngomong yen sing bubar dijemput kuwi sajane ponakane dudu anake. Mandan suwe pemuda iki ngantri bensin, akhire gilirane dheweke. Pemuda iki arep ngisi bensin sepuluh ewu. Bubar wektu kuwi si pemuda rajin banget ngisi bensin ing SPBU kono.
            Si pemuda balik maning marang SPBU iku lan ketemu maning karo Eni. Kaya biasa dheweke mung ngisi bensin 10 ewu. Kanggo basa-basi Eni malah takon kena ngapa ponakane kuwe ora dikon mangkat dhewek bareng karo batire, nanging Eni nganggep ponakane kuwi anake pemuda. Ya pitakonan kuwi malah ndadekake si pemuda karo Eni luwih raket. Bubar ngisi bensin si pemuda balik menyang omahe. Nanging, kawit wektu kuwi dheweke wis jarang ketemu karo Eni.
            Wis suwe ora ketemu Eni, dheweke kangen banget karo Eni. Akhire, dheweke ketemu karo Eni maning. Siki malah si pemuda kepengin motore kuwi diisi sak karepe Mba Eni. Karo ngisi bensin Eni nguja takon sekang ngendi pemuda iku. Si pemuda malah nyauri yen bubar ketemu karo batir wadone sing jare ayu lan eseme nyengsemaken. Ora liya yen kedadean iku ndadekake Eni luwih sering ketemu karo pemuda.
            Sajane si pemuda isin angger ditakoni lan pitakonane kuwi nggawa-nggawa keponakane sing dianggep Eni kaya anake dheweke. Meneng-meneng si pemuda seneng karo Eni lan pengin ngerti apa si Eni iku wis duwe pacar apa urung. Pikirane kuwi malah nggawe dheweke puyeng lan mbayangake raine Mba Eni wae.
            Kanggo ngilangake rasa kangene maring Mba Eni, dheweke nulis surat ing komputer, nanging ora sida. Pemuda iku malah nulis naskah cerita. Niate cerita kuwi arep dikirim maring majalah Penjebar Semangat lan angger olih dhuwit, dhuwite kuwi arep dianggo njajan karo wong sing lagi disenengi dheweke yaiku, Mba Eni.

Text Box: Don’t Copy Without Write The Source !
Jika Anda Akan Meng-copy Tulisan Ini Tolong Sertakan Sumber. Terima Kasih :)

0 comments:

Posting Komentar


Like .:OSA:.!!! Yoo :)